Rabu, 23 Februari 2011

LEGENDA DESA TROSONO KECAMATAN PARANG KABUPATEN MAGETAN
Panggonane desa Trosono Kecamatan Parang iku ana ing ereng-erenge gunung Blego, yaiku manggone wonten ana ing kulone gunung Bungkuk. Nalika jaman mbiyen, sakdurunge desa iki dipanggoni para manungsa, desa Trosono iki mbiyen wujudealas jati sing ketel bange. Sakliyane wit jati uga ana wit randu sing gedhe banget. Mula iku dijenengake RANDU BIMA. (Bima tegese yaiku tokoh pewayangan sing gedhe dhuwur piyadheke tur dikdaya.)
Sak jerone alas jati lan randu sing ketel iku dipanggoni para buta sing watake angkara murka. Panganane kewan-kewan alas lan godhong-godhongan. Dheweke kejem lan uga medheni, wulune dhawa-dhawa lan praupane medheni. Cangkeme amba lan untune lincip-lincip. Yen ngingeti, matane mblalak lan mendolo metu. Kukune lincip-lincip, yen nangkep musuhe, musuhe iku mesthi ora bakal ucul amarga kuku-kuku ing pucuke driji iku mancep.
Ing sawijing dina alas iku katekan kesatria sing gedhe dhuwur piyadheke tur dikdaya, asmane Brotoseno. Katekane gawe panggonan sing anyar.
Karuan wae, yen ngerti sing manggoni teka lan ngrusak alas sing dipanggoni buta-buta iku. Buta-buta ing njerone alas iku nesu-nesu lan pengen nangkep Brotoseno kanggo mangsane.
Terus ndhadhekake perang tanding, sing digambarake kaya dene perangebuta musuh Werkudara ing crita pewayangan. Perang tanding iku rame banget. Brotoseno ijen musuh pirang-pirang buta sing ana alas iku. Senajanto kaya ngono perange ora imbang, akeh buta sing dibanting lan diidak-idak Brotoseno. Ngerti barang koncone akeh sing mati, buta-buta liya sing isih urip saya ngamuk. Brotoseno ora ucul saka cokotane buta sing ngrubung. Merga bedha panemune sing ndhadhekake rame, sengit lan nganti pirang-pirang dina, akhire alas iku dadi rusak. Mangka akeh wit sing tugel lan ambrug. Rondot-rondotan dadi morat-marit amarga amarga perang tanding sing ngedu kekuatane. Kewan-kewan alas sing isih ana mlayu ora karuh-karuhan.
Awale Brotoseno menang ing njero perang tanding iku amarga dikeroyok pirang-pirang puluh buta, akhire Brotoseno mlayu nganti tekan gunung Blego. Mlayune Brotoseno ora ngidhak lemah nanging ngidhak watu dawa sing dilewati. Sakniki taksih wonten telake tapak sikile Brotoseno. Sing akhire kalihan masyarakat dijenengake watu tapak Bima. Merga perang sing suwe lan mlayu sing adhoh, Brotoseno krasa kesel, ngelak, lan luwe. Kangge mulihake kekuatane Brotoseno ngaso ana sawijining enggon sing diwenehi jeneng Srikaton ing gunung Bungkuk.
Sakwise kekuatanipun pulih mangka Brotoseno mbalek menyang alas panggonanipun buta. Ing kana perang tanding dibaleni maleh luweh rame saka perang tanding sing kepisan. Brotoseno ngamuk, kadikdhayane tikel kaping 1000, akhire buta-buta ana ing alas iku padha mati.
Amarga ora ana sing ngaling-ngalingi, mangka gaweane mbabad alas jati iku rampung kanthi apik. Brotoseno krasa legawa amarga gaweane rampung kanthi sampurna. Amarga rampunge iki mangka Brotoseno njenengake papan anyar iku TROSONO saka tembung TRAHING SENO akhire dadi desa Trosono sakniki.   

8 komentar:

  1. kenjeran_tugu pahlawan
    wedhi putih kang tumemplek ing lathimu
    sapa sing mesthi mbok antu,nimas
    apa ombak kang isih sesautan sawdhuwuring layar banjur ing dhadhamu
    kelakon pandhemen katresnan pacah dhek semon

    BalasHapus
  2. knco......
    knc0......
    knco....
    hehehehehehehehe

    BalasHapus
  3. kancaku
    kowe yaiku wong kang apik banget
    mesthi ngancani aku tiap wektu
    ngrungokake kabeh cerita isi atiku
    yaiku kanca sing iso ngerti aku

    BalasHapus
  4. ARTI URIP ING ALAM NDONYO
    Urip ing ndonyo iku tansah rekasa
    Yen pancen pengen urip mulyo ing ndonyo
    Urip ing ndonyo linuwih ana manfaate
    Yen kita migunakake kanggo kabajikan
    Ngisi kegiyatan saben dino
    Karo hal-hal sing becik
    Lan tansah ana manfaate kanggo kita
    Apa tegese urip ing ndonyo
    Yen kita ora iso manfaate kanggo kabajikan
    Bisa-bisa urip ing ndonyo
    Kita bakal sengsoro malah ora mulyo

    BalasHapus
  5. RENCANG KANG SEJATI
    Rencang sejati
    Isa nglengkapi,
    Isa nyemanggati,aka ampek sakiki
    Kowe tetep neng ati iki

    BalasHapus
  6. kupu-kupu
    kumleyang sak ben tamanku
    mubang-mubeng ing nduwur kembang
    ngincupi kembang kang lagi mekar
    gawe taman katon endah

    BalasHapus
  7. sekolahku
    gedung kuno kukuh bakuh
    cete putih memplek katon sumeblak
    gapuro pideksa winangun joglo kuno
    madhep ngidul dumunung pinggir sawah
    plantarane jembar gilar gilar
    tamane asri tinanduran kekembangan mekar

    BalasHapus
  8. Tumiaping angin ing sidharamping
    Nyawa tekaku ing papan iki
    Rinenggut tresna ing njerone dhadha
    Tampanana nda iki pancen nyata
    Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak
    Kanthi ya mung siji

    Kaya ngene rasane
    kang lagi lelumbang
    Ngenani tresna ing atiku atimu
    Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati
    Minangka tenger ati ngauji
    Reruntungan napati mardi
    Binarung gremicik suarane banyu
    Gawe bungah rasa njroning ati
    Mesem guyu sliramu mring aku
    Tumetes waswa pralanda renaku.

    BalasHapus